CONTOH PIDATO BAHASA JAWA TEMA HALAL BIHALAL

11/16/2015
Selamat malam adik-adik pelajar semuanya kali ini saya ingin berbagi tentang contoh pidato dalam bahasa jawa yang dikalangan para pelajar Sekolah Menengah Pertama tentunya akan mendapatkan tugas dari guru bahasa jawa yang di sekolahnya bahasa jawa merupakan pelajaran Mulok atau Muatan lokal, langsung saja semoga bisa membantu adik-adik pelajar dalam menyusun pidato bahasa jawa....



Kali ini penulis membuat contoh pidato bahasa jawa dengan tema Halal Bihalal ...

CONTOH PIDATO BAHASA JAWA TEMA HALAL BIHALAL



HALAL BIHALAL
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Guru saha karyawan ingkang kula kurmati, sarta para kanca ingkang tansah bagya mulya.

Kanti rahmat sarta barokahipun Allah Ingkang Maha Agung, katitik ing wekdal menika kita sedaya saged makempal manunggal ing wekdal lan ing papan ngriki, kanthi wilujeng kalis nir ing sambikala.

Keparenga kula ingkang pinji minangka wakil saking para siswa, ngaturaken sugeng nyadi, nyuwun pangampunten sedaya kalepatan kula sekanca dhumateng Bapak lan Ibu Guru. Mugi Gusti nampi pangapunten kula lumantar panjenengan sedaya.
Gusti Allah mugi nampi amal ibadah kita, tansah ngluberaken karahayon, kabagyan, katentreman, lan keslametan dhateng kita sedaya. Amin

Mugi-mugi acara Halal Bihalal iki dados sarana nglebur dosa antawisipun sesame, ingkang rumaos lepat mboten kaambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf menika sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya.

Mugi kanthi wontenipun acara menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak ingkang sae dhateng sesame, ajen-ingajenan, tresna-tinresnanan ing antawisipun ingkang mudha dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata krama ingkang sae, ndadosaken silaturahmi saged lumampah kanthi lancar.

Wonten tetembung menawi silaturahmi menika saged manjangaken yuswa. Pramila sumangga acara menika saestu nambahi seserepan tumrap kita saengga kita saged gesang ing madyaning bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahmi kanthi sae dhateng sesame.
Penutup Pidato Halal Bihalal

Cekap semanten atur kula, menawi wonten kaduking wicara saha solah bawa ingkang mboten ndadosaken rena ing penggalih Bapak Ibu Guru, karyawan saha para kanca, kula nyuwun pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Related Post

Next
Previous
Click here for Comments

0 komentar:

Silahkan berkomentar menggunakan hati nurani dan tidak mengandung SARA, SEX dan POLITIK